Rabu, 18 November 2009

MACAPAT

Kawruh Tembang Jawa (Macapat)
1. Maskumambang : Gambaraken jabang bayi sing isih ana nang kandhutane ibune, sing durung konangan lanang utawa wadon, Mas tegese durung weruh lanang utawa wadon, kumambang tegese uripe ngambang nang kandhutane ibune.
2. Mijil : tegese wis lair lan genah priya utawa wanita.
3. Kinanthi saka tembung kanthi utawa tuntun kang tegese dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan neng alam ndonya.
4. Sinom tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
5. Asmaradana tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh saka tembung jumbuh / sarujuk kang tegese yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukaken antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangajab supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dandanggula Nggambaraken uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma Saka tembung darma / weweh. Wong nek wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
9. Pangkur Saka tembung mungkur kang tegese nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.
10.Megatruh Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11.Pocung / Pucung nek wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar